Senin, 06 Mei 2013

Wacan Bocah



LARON

Ana laron cilik sing durung wani metu leng
dheweke diwanti-wanti ibune yen ora oleh metu saka leng
menawa elare durung ganep amarga durung kuat miber

Saawan iki udan ngecepis, hawane saya bengi saya atis, dalan-dalan padha nyembong banyu, sawah-sawah padha kebak banyu, kodhok-kodhok padha ngguyu kaya-kaya nerangake yen dheweke seneng banget, nyukuri tibane nikmat Allah. Derese udan minangka rejeki kang tanpa upama mungguhing kodhok. Swarane kodhok saut-sautan tanpa dikomando. Byuhh............ gawe senenge sing ngrungokake. (thung glung thung glung) kurang luwih kaya mangkono iku swarane kodhok.
Saya sore udane saya terang, ing wetan omah ora adoh saka panggonane kodhok nyanyi ana sawijine leng laron. Mangerteni udan wis terang laron-laron padha mbrudhul saka lenge, karepe arep nyecep endahing ndonya ing wektu sore. Saking senenge pengen metu meruhi ndonya sing endah iki anggone metu dhesel-dheselan. Mak mbruuuuulllll...... ana sing miber ngetan, ngulon, ngalor, ngidul. Miber sakarepe dhewe golek kabutuhane dhewe-dhewe.
Ana laron cilik sing durung wani metu, dheweke wis diwanti-wanti ibune yen ora oleh metu saka leng menawa elare durung ganep amarga durung kuat miber. Ing njero ati, laron uga kepengin banget meruhi endahing ndonya kaya laron-laron liyane. Mula wayah iku nalika ibune metu golek pangan laron cilik meneng-meneng metu saka lenge nginceng kahanan njaba leng kaya ngapa. Alon-alon anggone laron cilik mlaku kepengin ngrasakake hawa atise sore. Bareng di bukak blak.
“Byuh...jebul kaya ngene ta endahing ndonya iki, hawane anyep ora anget kaya ing njero leng, akeh sesawangan kang bisa dideleng, jebul werna iku ora mung ireng thok ing ndonya iki akeh banget werna ana abang, ijo, kuning, biru lan sapiturute.” Kaya mangkono pangudarasane laron nalika sepisanan metu saka leng.
Dhasar laron cilik ora nariman bareng wis ngerti endahing ndonya dheweke lali marang wewalere ibune. Laron cilik uga pengin miber ngetan ngulon, ngalor ngidul kaya laron-laron liyane. Mula laron cilik njajal miber, mibere isih keponthalan durung bisa ngendaleni elare, sok sok ya tiba ndlosor nanging laron cilik ora nyerah, pungkasane bisa mabur sadhuruwe wit ceplukan. Rumangsa wis kesel anggone latih miber laron cilik mulih menyang lenge, muga-muga ibune durung kondur dadi laron cilik ora diseneni. Nanging kasunyatane laron cilik wis dipapak ibune ing lambe leng. Ibune sajak duka.
“Ndhuk cah ayu kenapa ngapa metu saka leng, ibu wis ngendikan ta menawa elarmu durung ganep aja metu saka leng dhisik, endahing ndonya iki ora padha kaya apa sing kodeleng dina iki mau, ing njaba iku akeh banget bebaya, menawa ora ati-ati bisa gawe patine laron.” Pituture ibu ganik-ganik.
“Inggih ibu, nyuwun pangapunten.” Jawabe laron lirih, nanging ing njero atine ya isih nduwe niat kanggo miber metu maneh ndeleng isine ndonya sing durung diweruhi, lan nyocogake apa bener sing dingedikakake simbok iku yen ing ndonya iku akeh bebaya.
“Nduk cah ayu aja pisan-pisan nyedhaki kodhok, cecak, lan manungsa, dheweke bisa gawe patine laron. Mengko awakmu bisa dimangsa.” Pituture ibu.
“Inggih bu.” Sumaure laron cilik.
Saka pangendikane ibune mau, laron cilik nduweni panganggep yen sing dadi mungsuhe laron iku mau mung kodhok, cecak, lan manungsa. Dadi tetelune kudu diedohi.
*******

Wayah sesoke udan uga ngeciwis kaya wingi uni, sadurunge budhal golek pangan ibu laron ngendikan maneh marang anake.
“Nduk eling-elingen pituture ibu, aja pisan-pisan metu saka leng menawa ibu dereng kondur.” Piwelinge ibu marang laron cilik.
Laron cilik ora sumaur mung mesem ngguyu, ing njero atine isih pengen ajar miber maneh ndeleng endahing ndonya iki. Mula nalika ibune budhal dheweke uga melu budhal yen wingi mung bisa ajar mabur sadhuwure wit ceplukan dina iki laron cilik pengin bisa mabur sadhuwure wit tela. Suwe banget anggone laron cilik ajar mabur pungkasane dheweke bisa mabur sadhuwure wit tela, seneng banget atine mula saiki anggone miber bisa mrono mrene ngetutne kanca laron liyane.
Ing pojokan omah ana barang kang sumunar, laron-laron padha mabur nyedhaki banjur mabur muteri barang padhang iku, kaya-kaya lagi nari amarga kesenengan marang barang padhang iku. Laron cilik uga kepengen miber mrono melu nari muter-muter bareng kancane.
“Iku barang padhang, dudu mungsuhe laron. Pangendikane ibu mungsuhe laron mung kodhok, cecak, lan manungsa. Mula ora dadi ngapa yen aku melu miber mrono.” Batine laron cilik karo miber marani barang padhang iku.
Laron cilik wis teka ngarepe barang padhang iku, dheweke melu muteri bareng kanca-kancane. Lagi muter kaping pisan wae, sanalika plas........elare keslomot panase lampu lan tiba patine laron cilik iku mau.
********